Wawanrembug
Kale Bapak Kholiqul Farih
Topik : Pendidikan
Ancas Wawanrembug : Kangge
mangerteni tata
caranipun ngatasi murid ing proses pawulangan
Tokoh Kang Diajak Wawanrembug : Bapak Kholiqul Farih
Tanggal Wawanrembug : 02 November 2015
Panggon Wawanrembug : Ing Griyanipun Bapak Kholiqul Farih
Nabilah
lan Ais : “Assalamu’alaikum, sugeng
sonten...”
Pak Farih :
“Wa’alaikumsalam,sugeng sonten.
sinten
nggih?”
Nabilah : “Kita siswi kelas 8 saking SMP
NEGERI 1 SIDAYU.”
Pak
Farih : “Ooo.....wonten perlu
napa, dik?”
Aisyah : “Mekaten pak, kula disukani
tugas saking sekolahan, arupi
Wawanrembug.”
Nabilah : “Kula milih panjenengan dados
narasumber kangge pados
informasi babagan pendidikan.”
Pak
Farih : “Napa mawon sing
ditangletake?”
Aisyah : “Wiwit taun kapan
panjenengan ngaos wonten
sekolahan?”
Pak
Farih : “Wiwit taun 2005.”
Nabilah : “Kenging punapa panjenengan
purun dados guru?”
Pak
Farih : “Sebabipun kula
nggadah cita-cita wiwit alit dados guru
supados siswa-siswi saget pinter lan cerdas.”
Aisyah : “Wonten pundi mawon
panjenengan ngaos?”
Pak
Farih : “Kula ngaos ing MI Al
Hidayah Gosari lan Mts. Al Fatah
Banyuurip.”
Nabilah : “Dados napa panjenengan wonten
mriko?”
Pak
Farih : “Kula wonten mriko
dados guru matematika.”
Aisyah : “Punapa tambah kathah
siswa-siswanipun ingkang remen
pawulangan matematika?”
Pak
Farih : “Inggih, kathah.”
Nabilah : “Pripun caranipun panjenengan
kangge ngatasi siswa-
siswi ingkang mboten remen kale pawulangan
matematika?”
Pak
Farih : “Caranipun yaiku
ndamel metode-metode kang ndamel
siswa-siswi remen?”
Aisyah : “Pripun metodenipun?”
Pak
Farih : “Metodenipun yaiku
wonten kelas, pak guru ngaos
kale menehi guyonan lan dolanan, tapi tetep
tumut ing
pawulangan.”
Nabilah : “Inggih pak leres, amergi
biasanipun siswa-siswi
yen bosen mbutuhake dolanan utawi guyonan.”
Aisyah : “Pak, kita kinten cekap
semanten.
Matur nuwun sanget wekdalipun.”
Pak Farih : “Inggih.. Bapak remen yen saget
mbantu kaliyan.”
Kasimpulan
Bapak
Farih dados guru matematika amergi dheweke nggadah cita-cita wiwit alit dados
guru supados siswa-siswi saget pinter lan cerdas. Caranipun kangge ngatasi
siswa-siswi ingkang mboten remen kale pawulangan matematika yaiku nggawe metode
kang ndamel siswa-siswi remen. Metodenipun yaiku ndamel guyonan utawi dolanan
sing tumut ing pawulangan.